Site icon SMP TELADAN YOGYAKARTA

Bekelan saha Paedahipun kangge siswa SD Teladan Yogyakarta

bekelan

Bekelan inggih menika salah satunggaling dolanan tradisional ingkang ngginakaken bola karet saha kepyak minangka medianipun. Dolanan tradisional bekelan saben 1 bal karet (bekel) saha 4 kepyak saged dipun ginakaken dolanan dumugi 4 siswa. Dolanan Tradisional Bekelan wonten ing SD Teladan Yogyakarta menika minangka program sinau Teladan Dolanan Bareng. Program menika gadhah pangarep-arep supados dolanan tradisional ingkang sampun langka menika, dipun tepangaken malih dening para siswa saengga para siswa remen dolanan tradisional.

Dolanan bekelan menika kathah paedahipun kangge para siswa. Dolanan bekelan menika saged  ningkataken konsentrasi siswa, ningkataken motorik halus siswa, saha saged ningkataken kecermatan, kecekatan ugi ketangkasan siswa amargi dolanan menika katindakaken kanthi ngumbulaken bal saha mendhet kepyak sesarengan. Sanesipun, dipuntingali saking dolanan ingkang katindakaken kanthi sesarengan bekelan menika saged ngrembakaken kemampuan sosial siswa. Paedah sanesipun saking dolanan bekelan inggih menika kesabaran, amargi wonten ing dolanan bekelan para siswa menika nengga giliran dolanan dumugi kanca sanesipun nindakaken kesalahan utawi dipunsebat “mati”.

Exit mobile version