Sinau Basa Jawa iku gampang, Basa Jawa iku basaku” menika salahsatunggaling tembung ingkang kedah dipuntanem wonten ing manahipun putra saha putri generasi bangs. Wonten ing era modern menika, ngendhika saha sinau Basa Jawa menika dipunpandang kuna utawi wonten istilahipun “ora gaul”. Kangge ngewahi pandangon saking istilah menika, Basa Jawa kedah dipunajaraken dening putra saha putri generasi mudha supados remen Basa Jawa. Wadah ingkang trep kangge nanemaken jiwa remen Basa Jawa inggih menika pendidikan anak Sekolah Dasar (SD). Putra saha putri ingkang badhe mlebet SD menika saweg remen-remenipun sinau, remen-remenipun pados saha nyuwun pirsa babagan enggal. Pramila, mata pelajaran Basa Jawa menika kedah kawontenaken ing Sekolah Dasar.
Mata pelajaran Basa Jawa wonten ing SD Teladan Yogyakarta menika kedah dipunwontenaken, SD Teladan Yogyakarta menika salah satunggaling papan kangge nuntut ilmu ingkang adhedhasar sekolah islami, ingkang mapan wonten ing kutha Ngayogyakarta. Kutha Ngayogyakarta menika kutha ingkang nguri-uri budaya Jawi. Salahsatunggaling inggih menika basa. Sinaosa basa ibu ingkang dipunginakaken murid-murid SD Teladan Yogyakarta menika Bahasa Indonesia, Arab saha Inggris. Ananging Basa Jawa boten angsal dipundadosaken anak tiri, Basa Jawa menika jangkep, beragam saha kathah variasinipun. Saking variasi menika pramila wonten pamanggih “ Basa Jawa iku angel” saha “ Basa Jawa iku ribet”. Saking pamanggih menika panyerat boten sarujuk, sedaya ilmu menika kathah variasinipun, jangkep saha beragam. Dados, pamanggih menika namung pamanggih purwaka ingkang dereng mangertos menapa Basa Jawa menika. saking pamanggih menika, mila Basa Jawa kedah dipunsinau wiwit Sekolah Dasar.
Kangge narik kawigatosan siswa menika media pasinaon Basa Jawa kedah gadhah variasi saha boten ketinggalan jaman. Umpaminipun, badhe sinau aksara jawa menika kathah media ingkang saged kaginakaken. Tuladhanipun, menawi badhe sinau basa menika saged mawi dongeng utawi film edukasi ingkang jumbuh kaliyan asal-usul aksara jawa. Kangge sekolah dasar menika wonten simulasinipun langsung, saged arupi sinau bareng saha kartu basa. Sinau Basa Jawa iku ora angel menika pangajeng-ajeng panyerat wonten ing SD Teladan Yogyakarta menika. Sekolah Teladan Yogyakarta menika sekolah ingkang inovatif ananging ugi nguri-uri budaya Jawi supados generasi penerus bangsa menika boten ical budaya saha bahasanipun.
Pangajabipun panyerat kangge pasinaon utawi kagiyatan belajar mengajar basa Jawa wonten ing SD Teladan Yogyakarta menika supados siswa SD Teladan Yogyakarta mangertos unggah ungguh basa ingkang kedah dipunginakaken saha dipunpraktekaken wonten griya saha sekolah, panyerat ugi gadhah pangajab supados siswa menika boten ajrih kaliyan Basa Jawa saha saged nanemaken wonten ing manahipun “ Sinau Basa Jwa iku gampang, Basa Jawa iku basaku”.

